Adus Rak Adus Kudu Mbayar



SEMARANG METRO

04 Juli 2011
Rame Kondhe
Adus Rak Adus Kudu Mbayar

Kandhane Hartono


JAMAN Lik Dul ijik cilik, banyu ledeng rak entuk dienggo sembarangan. Banyu ledeng entukke mung nggo masak tok. Kejaba jumlahe sithik, ijik ndadak ngangsu nganggo pikulan barang. Sarakke rak kabeh omah ndhuwe ledeng. Nek wegah ngangsu, ya kudu tuku banyu sing diiderke nganggo songro.

Banyu ledeng dienggo ngumbah brompit wae rak entuk, apa maneh dienggo nyirami tanduran. Nek ameh ngumbah brompit apa pit onthel kudu lunga kali. Kae lho nggon cedhake pintu air Imam Bonjol. Kaline cethek, banyune bening banget. Akeh becak mbek bemo sing dikumbah nggon kana. Saiki banyune wis rak apik, malah kadang ambune badheg banget.

Jare Lik Dul, Yu Nah saiki wegah masak nganggo banyu ledeng. Lha wis piye, panci mbek ceret nek dienggo nggodhog banyu ledeng cepet kandel merga akeh kerake. Ibu-ibu saiki nek masak nganggone banyu isi ulang. Sing sugih sithik nganggo banyu galonan sing mereke terkenal.

”Saiki banyu ledeng mung dienggo adus mbek umbah-umbah lan asah-asah. Malah ana sing dienggo nyirami latar barang ben bleduke rak mabul-mabul,” kandhane Lik Dul wektu ngumbah brompite sing bar dienggo krubyuk-krubyuk nggon dhaerah rob. Jare ben rak cepet neyeng.

Si Nang sing bar teka balbalan dikon adus wegah malah ameh dolan maneh. Lik Dul dadi mberung. Wong adus garek adus rak sah ndadak ngangsu wae kok males. Wis ben to, Lik, wong bocah wis gedhe. Mengko nek wayahe adus kan adus dhewe. Nek pancen males ya rak papa, sisan ndene ngirit banyu ben mbayare ledeng rak kakehan.
”Ngirit sing kepiye, Ton. Jaman saiki adus rak adus tetep mbayar,” jawab Lik Dul.

Sing kandha sapa? Nek dhewe nganggone banyu ngirit, ya mesthi mbayare ledeng sithik to, Lik?
”Kowe ameh nganggo banyu limang kibik utawa pitung kibik, mbayarmu tetep selepuh! Nek rak percaya takona Yu Nah sing bar mbayar ledeng. Iki merga ana ketentuan pemakaian minimal,” teges Lik Dul.

Nggolek Bathi

Lik Dul neruske critane. Jare dheknen kabeh perumahan anyar mesthi wis ana ledenge. Pasang rak pasang, tuku omah mesthi wis ana listrik mbek ledenge. Padhalan, akeh wong sing tuku omah mung dienggo celengan, carane cah saiki dienggo investasi gitu loh!.

”Nek omahe kosong, berarti ledenge kan isa diarani rak tau dienggo. Naming sing ndhuwe tetep kudu mbayar sepuluh kibik. Nek ngasi telat mbayar langsung dipedhot. Apa iki jenenge rak nggolek menange dhewe?” kandhane Lik Dul.
Mulane kancaku wingi padha muring-muring, Lik. Wong ledeng rak tau dienggo mbayare kok tetep larang. Maune dheknene ngira banyune disikati tanggane. Malah ana sing nganggep nyathete meteran dhengkulan.

Angger diprotes, jawabe jare merga pagere digembok, dadine tukang cathet meteran rak isa nyedhak. Padhalan omahe durung ana pagere. Nek PDAM nerapke aturan pemakaian minimal 10 kibik, berarti BUMD kuwi rak gelem rekasa kepingin cepet-cepet nggolek bathi to, Lik?

Jare kancaku kebijakan kuwi wis diterapke kit taun 2005. Naming, anggota DPRD malah rak ana sing reti. Dhasar aturane apa, ketoke ya digolek-goleke. Apa iki merga PDAM rak ana saingane ya, Lik, dadine wani nerapke kebijakan sepihak. Pelanggan isane mung piya-piye. Nek ameh nggolek bathi, PDAM kudune wani ngilangi kebocoran, aja ngathaki pelanggan!

”Padhalan ning tipi kerep ana kampanye, hemat energi, hemat air! Nek carane ngene, sing ngirit pelanggan sing bathi PDAM. Sesuk aku meh nantang Pak Ngargono, kae lho Ketua LP2K. Jajal sampek tekan endhi jenggote isa nglindungi konsumen!” teges Lik Dul. (61)

Komentar

Pencerah mengatakan…
pancen urip soyo ngrekoso...
mbiyen dijajah bangsa walanda, saiki dijajah bangsane dewe...
kapan yo isoh merdiko...?
Adhitanto Nabil mengatakan…
ORa ngertos :P Visit blog saya juga di dumblicious.blogspot.com ya :)
Anonim mengatakan…
yep! that's how our government policy work.. And us the citizen, can only obey their "parasitism symbiosis".
Oh I forget! Just wait a while, our new president will increase the fuel price too. Hemm How lovely my country is.. *sigh

Well, just wanna have fun to give opinion in English when u used javanese lang.

Honestly At first sight, I really don't get it the meaning although I can speak javanese too. Cause yours is really "village-javanese language" haha sorry.. *kidding.
But I like the style how you write it by using that rare-almost distinctive javanese lang. Keep up the good work!

Nggihpun sampun, pareng pakdhee :P

Postingan populer dari blog ini

Gerakan Tanah (Longsoran)

SEMAR

TATA RUANG BERBASIS PADA KESESUAIAN LAHAN